Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
(Muqaddimah)
Bapak Bupati Kebumen ingkang pantes sinudarsana,
Ingkang dahat kinurmatan, Kepala Dinas Dikpora
Kabupaten Kebumen,
Para Bapak saha Ibu Guru ingkang tansah
kinabekten,
Ingkang satuhu bagya mulya, para rawuh saha
tamu undangan sedaya,
Anak-anakku kelas XII, XI lan X ingkang sanget
kinasih ingkang kula tresnani,
Langkung rumiyin monggo kita
dhereaken tansah puji syukur wanten ngarsa dalem Allah SWT bikaulina Alhamdulillahirobbil’alamin
ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan saha rahmat dhumateng kita sedaya
satemah ing wekdal punika kita saged makempal, bermuwajahah wonten ing adicara
Halal Bi Halal ing enjing punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Allahuma amin.
Sholawat saha salam konjuk wonten ngarsa dalem
Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah
kita ajeng-ajeng syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah. Amin
Para rawuh sedaya rahimakumullah,
Kula
minangka Kepala Sekolah saha amakili Bapak Ibu Guru sepisan ngaturaken Marhaban
Ahlan Wa Sahlan bihudukirum. Ingkang angka kalih kula ngaturaken Taqabalallohu
minna waminkum taqobal yakarim Minal ‘Aidzin Wal Faidzin. Kala wau sampun
dipunaturaken panuwunan pangapunten
saking perwakilan siswa. Wonten ing kalodhangan punika kula paringi pangapunten
selebet-lebetipun kanthi ikhlasing penggalih. Semanten ugi kula saha para Bapak Ibu Guru
saestu kathah kalepatan saha kekhilafan mila saking punika wonten ing dinten
fitri punika kulo ugi nyuwun pangapunten. Mugia Gusti Allah paring pangapunten dhumateng
kita sedaya. Allahumma amin.
Mugi-mugi
adicara Halal Bi Halal punika mboten namung adicara seremonial kemawon, ananging
langkung saking punika kita saged pikantuk piwulang ingkang sae ing adicara
punika. Kanthi sami maringi pamgapunten, mugia saged mbucal sedaya perkawis
awon kangge andadosaken silaturahim ing bebrayan SMA Negeri 1 Kebumen punika
langkung harmonis lan dinamis anggenipun mbangun kualitas pendhidhikan saha
prsetasi siswa.
Para rawuh sedaya rahimakumullah,
Mekaten
ingkang saged kula aturaken, mbok bilih kathah klenta-klentunipun atur, kula
mawantu-wantu nyumun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Yulina
M Nisa’
XI
IPS 3/30
Note: Terima Kasih yang teramat sangat untuk teman sekelas saya, Yulia Enita yang sudah membantu saya merampungkan teks sesorah ini. Sekali lagi terima kasih banyak :))
0 komentar:
Posting Komentar